Jaranan: Seni Tradisional Kang Ngemu Nilai Budaya Jawa
Apa iku Jaranan?
Jaranan, utawa kadhangkala disebut jaran kepang utawa jaran dor, iku salah siji seni pertunjukan rakyat tradisional saka tanah Jawa. Seni iki nggabungake unsur tari, musik gamelan, lan unsur spiritual kang kuwat. Penari-penari jaranan nari nganggo jaran palsu kang digawe saka anyaman bambu lan dihias nganggo warna-warni kang meriah.
Jaranan diyakini wis ana wiwit jaman Mataram kuna. Tari iki mulane minangka bentuk penghormatan marang prajurit perang utawa latihan perang jaman biyen. Jaranan uga nglambangake semangat, keberanian, lan kesetiaan.
Unsur-unsur ing Jaranan
Jaranan nduweni sawetara unsur unsur, yaiku:
1. Penari
Penari jaranan asring nganggo busana prajurit, nganggo jaran anyaman, lan nari kanthi gagah lan semangat.
2. Gamelan
Musik pengiring jaranan diisi oleh kendang, angklung, gong, lan saron. Irama musik sing rame lan dinamis nambah semangat penari.
3. Ndadi
Salah siji ciri khas jaranan yaiku fase ndadi, yaiku nalika penari mlebu kondisi kesurupan. Ing kahanan iki, penari bisa nindakake hal-hal luar biasa, kayata mangan beling utawa ndhodhog tanpa ngrasakake lara.
4. Bantengan atau Barongan
Ing sawetara daerah, jaranan digabung karo barongan (topeng raksasa) utawa bantengan kanggo nambah unsur dramatik.
Fungsi lan nilai sosial ing Jaranan
Jaranan ora mung kanggo tontonan, janduwen uga nduweni fungsi sosial, yaiku:
1. Ritual: Digelar kanggo bersih desa, syukuran, utawa hajatan.
2. Edukasi budaya: Ngajarke anak muda ngenani kabudayan Jawa lan gotong royong.
3. Ekspresi seni: Dadi wadah ekspresi kanggo seniman rakyat.
Jaranan iku warisan budaya kang kudu dijaga lan dilestarikake. Senajan jaman wis modern, jaranan isih nduweni daya tarik kang kuat lan bisa dadi jembatan antar generasi
Komentar
Posting Komentar