Candhi Arjuna: Salah Siji Candhi Paling Tuwa Ing Indonesia

    

         Kanca-kanca sekalian, sapa kang tau diajak wong tuwa utawa kanca ngunjungi situs-situs candhi ing Indonesia wektu liburan sekolah? Mesthi akeh ing watara kowe kabeh kang wis tau tilik menyang candhi-candhi kondhang kaya Candhi prambanan, Candhi Borobudur , utawa Candhi Gedongsongo. Nanging, pernah rak kowe kabeh krungu ngenani Candhi Arjuna? 

        Sanadyan jenenge ora sepopuler candhi-candhi liyane, Candhi Arjuna nyimpen sajarah kang penting—candi iki yaiku salah siji candhi paling tuwa ing Indonesia, lho! penasaran po rak? ayo, simak andharan lengkape ing ngisor iki!

      



Sumber: Tribun Jateng/Khoirul Muzaki

       Candhi Arjuna iku salah siji candhi kang ana ing Kompleks Candhi Arjuna kang mapan ing Desa Dieng Kulon, Kecamatan Batur, Kabupaten Banjarnegara, Jawa Tengah. lokasi kompleks Candhi Arjuna kang diwangun ing dhataran dhuwur Dieng nduweni makna neng njerone, tembung "dieng" asale saka "di hyang," kang ateges papan manggon para dewa. Papan iki kaanggep sakral, saengga cocog banget kanggo didadekake puser kagiyatan agama. Saliyane dadi papan ngibadah, kompleks Candhi Arjuna uga digunakake dadi simbul pelestarian ajaran lan budaya Hindu ing masa iku.

            Kompleks Candhi Arjuna nduweni jembar 1 hektare, ndadekake kompleks candhi paling amba ing Dieng. Saliyane Candhi Arjuna, ing Kompleks Candhi Arjuna uga ana papat candhi liyane, yaiku Candhi Semar, Candhi Puntadewa, Candhi Srikandi, lan Candhi Sembadra. Candhi Arjuna, Candhi Puntadewa, lan Candhi Sembadra iku candhi kang digawe kanggo nyembah dewa Syiwa. Sawetara Candhi Srikandi diwangun kanggo manembah telu dewa yaiku Syiwa, Brahma, lan Wisnu.

            Candi Arjuna iku candhi corak Hindu kang diwangun ing abad kaping-8 Masehi dening Dinasti Sanjaya saka Karajan Mataram Kuna. Fakta kasebut ngartikake menawa Candhi Arjuna iku salah siji candhi paling tuwa ing Indonesia sawise Candhi Jiwa. Candhi Arjuna ditemukake maneh ing taun 1814 dening siji tentara inggris kang jenenge Hermanus Christian Cornelius. Wektu ditemukake, saperangan gedhe candhi ing Kompleks Candhi Arjuna isih kekubur lemah lan tergenang banyu. Sawise iku, pemugaran Kompleks Candhi Arjuna kang luwih temen ditindakake dening Belanda ing taun 1840. Theodorf van Elf yaiku insinyur lan pejabat Belanda kang nduweni peran gedhe jroning proses pemugaran Kompleks Candhi Arjuna kasebut.

            Candi Arjuna nduweni gaya arsitektur kang memper karo candhi-candhi kas India, nandhakake menawa Candhi Arjuna wis diwangun wiwit masa Hindu Kuna. candhi iki diwangun migunakake watu andesit kang wis ngalami pelapukan. watu andesit ya iku watu vulkanik kang umum digunakake ing masa iku. teknik penyusunan watune tanpa semen, ananging dianggit karo presisi banget ben padha-padha mengunci.

 Candi Arjuna terdiri saka 3 bagian utama, sesuai karo konsep kapercayaan ing agama Hindu, yaiku:


1. Bhurloka (sikil candhi) 
Babagan bhurloka utawa sikil candi nglambangake dunya manungsa. Ing Candi Arjuna, bhurloka-ne arupa alas batu seng bertingkat lan ora ana akeh hiasan utawa ukiran ing dindinge

2. Bhuvarloka (awak candhi)
Bhuvarloka utawa awak candi nglambangake dunya watara manungsa lan dewa. Neng kene lah ruangan utama candhi mapan. Ing ruang utama candhi, ana papan kanggo ndokok sesajen kang kasebut Yoni.

3. Swarloka (atap candhi)
Swarloka utawa atap candhi nglambangake dunya para dewa. Atap e tingkat-tingkat lan memuncak kaya piramida kang tansah nduwur tansah cilik

       Nah iku wau yaiku andharan pepak ngenani Candhi Arjuna.Piye? Apa kowe tertarik meh ngunjungi? Yen agek plesiran menyang kawasan Dieng, kowe bisa sempeti kanggo mampir menyang Kompleks Candhi Arjuna. Ing kana kowe bisa ngunjungi limo candhi langsung lho, yaiku Candhi Arjuna, Puntadewa, Sembadra, Semar, lan Srikandi. Ngunjungi candhi-candhi kaya ngene uga manfaat kanggo nambahi wawasan sarta mbangun katresnan karo tetilaran lan budaya Nusantara.




Komentar

Postingan Populer