Gambang Semarang: Tari Tradisional Sing Nggawa Pesan Luhur




Salah sawijining jinis kabudayan ingkang ana ing Indonesia yaiku tari tradisional. Saben tari nduweni kekhasan dhewe lan biasane gegandhengan karo panggonan asal ing ngendi tari kasebut lair. Iki mbentuk sawijining filosofi sing gegandhengan antarane budaya lan daerah kasebut.

Tari Gambang Semarang iku salah sawijining warisan budaya khas Kutha Semarang sing nggambarake gabungan budaya Jawa, Tionghoa, lan Arab. Tarian iki lair saka akulturasi masyarakat pesisir lor Jawa lan dikenal wiwit awal abad kaping 20, nampilake gerakan sing dinamis lan kebak vitalitas, utamane ing bageyan pinggul lan tangan. Gerakan utama kaya ngondhek, ngeyek, lan genjot nggambarake riak ombak segara lan uga dadi simbol ngendhalekake emosi manungsa.

Ciri khas liyane saka Tari Gambang Semarang yaiku busana penari sing werna-werni, nggabungake kebaya encim, kemben, sampur, lan jarik, uga iringan musik tradisional kaya gambang, bonang, kendang, lan suling. Tarian iki biasane ditarekake dening loro nganti papat penari sing ngetokake rasa seneng lan kekancan masyarakat pesisir, karo lagu-lagu pengiring sing jenaka lan kebak semangat guyub rukun.

Sayange, eksistensi Tari Gambang Semarang saiki wiwit luntur, utamane ing kalangan generasi enom. Minime pementasan lan kurange sosialisasi lan pembelajaran babagan tari iki nggawe Tari Gambang Semarang saya arang dikenal lan disenengi, luwih-luwih ing jaman globalisasi sing akeh kabudayan saka njaba mlebu kaya saiki.

Minangka bageyan saka identitas budaya Semarang, Tari Gambang Semarang ora mung dadi hiburan, nanging uga dadi media kanggo naleni sesrawungan sosial lan njaga nilai-nilai luhur. Nglestarekake tarian iki tegese njaga kasugihan budaya lan harmoni sing wis diwarisake turun-temurun dening lomasyarakat Semarang. Pelestarian Tari Gambang Semarang penting ditindakake supaya identitas lan filosofi luhur sing ana ing jerone ora ilang dielu jaman.





Komentar

Postingan Populer