Gamelan: "Senenge Dipukul, Tapi Ora Njaluk Baleni"

Gamelan iku salah siji musik tradisional Jawa sing wis ana saka jaman biyen. Sanajan saiki jamane wis maju, musik gamelan isih tetep urip lan disenengi wong akeh, ora mung wong Jawa, nanging uga wong saka negara liya.

 



Apa kuwi Gamelan?

Gamelan iku musik tradisional sing digawe saka piranti musik kaya gong, kendhang, bonang, saron, lan liya-liyane. Swarane alus, ayem, lan bisa nggawe ati tentrem. Biasane gamelan diputer nalika ana pentas wayang, tari tradisional, utawa upacara adat.


Gamelan Ora Iso Dimaenin Dhewekan

Main gamelan kuwi kudu bareng-bareng, ora iso siji-sijian. Saben piranti duwe tugas dhewe-dhewe. Yen salah siji ora cocog, swarane dadi ora enak. Iki nduduhake pentinge kerja bareng lan rukun.




Gamelan Kuwi Warisan Budaya

Gamelan kuwi warisan saka nenek moyang. Dadi, penting banget kanggo dijaga lan diterusake. Saiki ana sekolah-sekolah lan sanggar seni sing ngajari bocah-bocah supaya ngerti lan bisa main gamelan.




Gamelan Jaman Saiki

Sanajan gamelan iku musik tradisional, saiki wis akeh sing nyoba nggabungke gamelan karo musik modern. Ana sing nyampur karo musik jazz, pop, nganti elektronik. Nanging tetep, ruhe isih Jawa banget.


Gamelan kuwi dudu mung musik, nanging uga nggambarke budaya, kerukunan, lan kebersamaan. Mula, ayo padha dijaga lan dilestarekake. Sapa ngerti, besok-besok awakmu sing dadi pemain gamelan hebat, mlebu TV, utawa malah manggung nang luar negeri!


Komentar

Postingan Populer