Ukiran Jepara: Saka Kriya Dadi Identitas Bangsa



Seni ukir Jepara wis kondhang nganti manca negara. Kota cilik ing pesisir lor Jawa Tengah iki ora mung misuwur amarga pariwisatane, nanging uga amarga warisan budayane, yaiku seni ukir kayu. Saka mebel nganti relief, saben ukiran ngandhut makna lan ketekunan kang dhuwur. Ora mung produk ekonomi, nanging seni ukir Jepara uga dadi identitas budaya lan sumber kabanggaan masyarakat Jepara. 


Ukiran Jepara dikenal nganggo motif flora (kembang, sulur-suluran), fauna, lan kadang ornamen geometris. Teknike nganggo alat-alat tradisional kaya pahat, tatah, lan palu cilik. Prosese rumit lan mbutuhake kesabaran tinggi, amarga saben garis kudu dipahat kanthi teliti lan rapet.


Ukiran Jepara ora mung kanggo hiasan, nanging uga nduweni fungsi praktis lan simbolis. Akeh sing digunakake ing lemari, kursi, dipan, gapura, utawa relief masjid lan gereja. Ukiran iki bisa dadi lambang status sosial, utawa mung munggahaké nilai seni sawijining barang. Saben motif uga kadang nduweni filosofi dhewe-dhewe. 


Seni ukir Jepara luwih saka mung kriya. Seni ukir iki yaiku jati diri lan warisan budaya bangsa. Minangka generasi enom, kita kudu mbantu ngelestarekake, ngapresiasi, lan ngenalake marang donya yen saka lemah Jawa, kita nduwe kabisan ngukir rasa dadi karya sing ora luntur dening wektu.

Komentar

Postingan Populer