Labuhan Merapi : Jalur Pendakian Mung Dibukak Kala Prosesi Iki?
Labuhan Merapi : Jalur Pendakian Mung Dibukak Kala Prosesi Iki?
Jalur Pendakian Merapi pancen ditutup wiwit Mei 2018 amarga aktivitas vulkanik Gunung Merapi sing terus-terusan kedadeyan lan wiwit Novembver 2020 statuse dadi level 3 (siaga). Nanging ana pengecuailan, yaiku jalur pendakian iki mung dibukak setaun pisan kala ana Upacara Labuhan Merapi.
Labuhan Merapi yaiku upacara sing dianakake karo Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat kanggo mengeti penobatan Sri Sultan Hamengkubuwono X dadi Sultan Ngayogjokarto Hadiningrat utawa ditepang dadi pangetan “Tingalan Jumeneng Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono X”. Saliyane dadi pengetan penobatan Sri Sultan Hamengkubuwono X, upacara iki uga salah sawijining bentuk raos syukur marang Gusti kang Maha Esa lan donga keslametan kanggo Sri Sultan Hamengkubuwono X. Sanadyan diselenggarakake dening karaton, pelibatan masarakat tumut dadi perangan penting ing pelaksanaane. Labuhan Merapi dianakake saben 30 Rejeb. Upacara iki wis dadi perangan tradhisi adat wiwiting jaman Kerajaan Mataram Islam ing abad XVII.
Prosesi Labuhan Merapi
Sadurunge tradhisi dilaksanakake, ubarampe (seserahan) digawa saka keraton pinuju papan juru kunci Gunung Merapi. Ubarampe kang wis ditampa juru kunci disemayamake sawengi ing petilasan omah Mbah Maridjan ing Dusun Kinahrejo. Sawise iku, ana prosesi upacara kenduri sing dilaksanakake ing omah juru kunci lan biyasane ana pagelaran wayang kulit sawengi suntuk sing wis dadi perangan saka Upacara Labuhan Merapi. Abdi dalem sing dadi utusan kanggo njaga seserahan uga kudu gelem ora turu sedina sewengi kanggo njaga ubarampe.
Sesuk dinane, juru kunci karo pengikute nggawa ubarampe labuhan menyang Gunung Merapi kanggo dilaksanakake Upacara Labuhan Merapi ing Lereng Gunung Merapi yaiku ing Sri Manganti. Uborampe didokok ing dhuwur watu lan didongakake. Upacara iki kapungkasan karo dibagekake berkat arupa sekepal sega karo lawuh marang kabehing masarakat kang numuti prosesi kasebut.
Labuhan Merapi iku warisan budaya kang terus dijaga dening masarakat Yogyakarta. Tradhisi iki dadi simbol harmoni watara manungsa, alam, lan leluhur. Upacara iki ora mung dadi ritual adat, nanging uga identitas budaya kang kudu terus dijaga lan dilestarikake.
Komentar
Posting Komentar