Merti Dusun Nguripke Sekti

 

Merti Dusun Nguripke Sekti

Dening:Eureka Ayudya L.

Saben taun sawise panen, Desa Pundung Putih kaya malih dadi panggung gedhe sing kebak warna, swara, lan semangat urip. Merti Dusun, sing dadi tradhisi turun-temurun saka para leluhur, tansah dinanti-nanti karo ati seneng. Acara iki dudu mung kanggo seneng-seneng, nanging dadi wektu kanggo nguatke paseduluran lan nyambung silaturahmi karo sesama warga. Sing ndadekake perayaan iki luwih istimewa yaiku ana pawai utawa arak-arakan sing meriah banget lan nglibatake kabèh warga, karo macem-macem kostum lan ide kreatif.

Ing pawai Merti Dusun, saben RT saka RT 1 nganti RT 11 kudu melu. Ora mung mlaku bareng, tapi saben RT kudu nuduhake penampilan paling apik karo kostum lan konsep sing unik. Saben taun, ide-ide saya apik lan luwih warna-warni. Ana sing nganggo kostum dukun karo tongkat sihirmu, ana Reog sing joged gagah nganti lemah kroso geter, lan ana uga pahlawan bangsa sing nggawe semangat nasionalisme saya urip. Wektu pawaine diwiwiti, desa koyo malih dadi alam liya seng nyampura antara tradisi lan khayalan, sing iso nyenengke lan narik perhatian sapa wae sing nonton. Kanggo para peserta, kostum kuwi ora mung sandhangan, nanging lambang semangat lan crita sing digawa saben langkahe.

Ora mung pawai, saben RT uga diwenehi kesempatan kanggo tampil ing ngarepe juri. Ana tari tradisional, yel-yel sing semangat, paduan swara sing nggeterake ati, nganti musik angklung sing nyenengke kuping. Kegiatan iki dudu mung lomba, nanging panggung kanggo nuduhake rasa tresna lan bangga marang budaya lokal, lan nuduhake kreatifitas warga. Saka kene isa diweruhi yen Merti Dusun dudu mung acara rutin, nanging dadi festival sing nyawijekake atine warga.

Sakjerone kemeriahan kostum lan pertunjukan, Merti Dusun nggawa makna penting, yaiku kebersamaan. Warga padha sesrawungan, kerja bareng, lan nguwatake hubungan antar generasi. Nalika penyihir, Reog, lan tokoh pahlawan lumaku bareng, iku nuduhake yen senajan beda-beda, kabeh isa nyawiji dadi siji kekuwatan.

Minangka tradisi tahunan, Merti Dusun ing Desa Pundung Putih wis dadi acara sing mesthi dirindukake. Pawai sing nyenengke, pentas budaya sing nginspirasi, lan semangat kebersamaan sing kerasa ing saben sudut desa, ndadekake Merti Dusun luwih saka upacara budaya. Nanging dadi bagian saka urip bebrayan sing kudu terus dijaga lan dilestarikake.

 


Komentar

Postingan Populer