Upacara Mitoni, Wujud Tresna lan Pangajab kanggo Sing Arep Lair

    


   Mitoni minangka salah siji upacara adat Jawa kang dianakaké nalika ibu ngandhut wis ngancik pitung wulan. Miturut wbudaya Jawa, angka "pitu" (pitu = tujuh) iku angka suci, lan ing umur kandhutan pitung wulan dipercaya manawa jabang bayi wis nduwèni nyawa. Upacara iki minangka wujud rasa syukur marang Gusti Allah lan pangajab supaya ibu lan bayi tansah pinaringan slamet nganti lahir. Tradisi Mitoni isih lestari nganti saiki, sanadyan ana akulturasi karo unsur modern kayata dekorasi kekinian lan dokumentasi digital, nanging makna utama tetep dijaga.

       Prosesi Mitoni kalebu siraman banyu kembang saka pitu sumber banyu, minangka lambang pangresikan lahir batin calon ibu. Sawisé iku, calon ibu nganggo pitung kain jarik beda-beda motif lan warna, nglambangaké tahapan urip sing kudu dilakoni. Ana uga prosesi pecahkelapa (brojolan) sing dadi simbol kelairan bayi, serta suguhan tumpeng, jenang abang-putih, rujak, lan kembang telon minangka sesaji. Lagu macapat Pangkur kadhang uga diiringaké nalika upacara lumaku, nggawa suasana khidmat lan nyawiji karo doa. Saben unsur prosesi ngemu filosofi luhur: harmoni karo alam, pangayoman spiritual, lan rasa bebrayan.


       Ing jaman globalisasi, tradhisi Mitoni tetep dadi warisan budaya Jawa kang kudu dijaga lan dilestarekake. Akeh pasangan enom saiki sing isih nglaksanani Mitoni kanthi cara modern tanpa ninggalake makna sakralé. Lembaga pendidikan lan komunitas budaya uga nduwèni peran penting kanggo ngenalake Mitoni marang generasi enom supaya ora ilang ditelan jaman. Mitoni ora mung tradhisi, nanging uga pepeling rasa syukur, pangarep-arep, lan tresna marang bayi sing bakal lair. Kanthi nguri-uri tradisi iki, kita wis melu njaga identitas lan piwulang luhur saka budaya Jawa.

Komentar

Postingan Populer