PETIRTAAN CABEAN KUNTI
Petirtaan Cabean Kunti iku situs sumber banyu kuna sing ana ing Desa Cabean, Kecamatan Muntilan, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Miturut critane, situs iki wis dienggo saka jaman Kerajaan Mataram Kuna, kira-kira abad kaping wolu nganti kaping sepuluh Masehi. Jeneng "Cabean Kunti" dijupuk saka jenenge desa, dene "petirtaan" tegese papan adus utawa pemandian suci.
Jeneng asli
saka petirtaan iki sakjane Sendang Pitu, merga ana pitung sendang ing
sak wilayah kono. Pitu sendang iki nduweni makna filosofi urip manungsa.
Manungsa dipercaya bakal ngalami pitung tahapan urip, yaiku:
- Sendang Jangkang – manungsa kudu duwe
cita-cita dhisik,
- Sendang Sidotopo – kudu wani sinau lan laku
tirakat,
- Sendang Palerepan – yen wis nduwe kawruh,
kudu bisa pasrah lan leren,
- Sendang Panguripan – fase ngupaya rejeki lan
nyambut gawe,
- Sendang Kaputren (Sendang Kunti Lanang lan Kunti Wadon) – fase omah-omah,
- Sendang Semboja – ketemu jodho sejati.
Petirtaan
Cabean Kunti iki ngikuti aliran kali cilik sing mili ing lereng Gunung Merbabu.
Saka pinggir kali kuwi, ana pitung bangunan sing fungsine kanggo nampung banyu.
Nanging saiki mung telu bangunan sing isih utuh lan isih bisa didelok, yaiku Sendang
Palerepan, Sendang Kaputren, lan Sendang Semboja. Sendang
liyane wis ilang wujude utawa ora cetho wujude, mung kari watu-watu.
Saka telu sendang sing isih ana, Sendang Palerepan sing paling apik lan endah. Ing kono ana relief gambaran wong lanang lan wong wadon sing lagi ndedonga lan masrahake sesaji kanggo Dewa, karo loro manuk. Relief iki nuduhake rasa syukur manungsa marang Dewa liwat hasil bumi, kayata panenan lan berkah alam liyane. Saka kono awake dhewe diajari nek urip kuwi ora cukup mung kerja, nanging kudu bareng karo ndedonga lan nyuwun tulung marang Gusti.
Petirtaan iki
ora mung dadi panggonan adus, nanging uga panggonan kanggo tirakat lan laku
spiritual. Masyarakat sakupenge nganti saiki isih nganggep panggonan iki
keramat lan kerep dienggo laku batin utawa semedi.
Minangka
warisan budaya lan spiritual saka jaman biyen, Petirtaan Cabean Kunti ora mung
ngemu nilai sejarah, nanging uga dadi gambaran urip manungsa miturut pandangan
filsafat Jawa. Anae pitu sendang sing nggambarake tahapan urip, lan relief sing
kebak makna, nuduhake nek leluhur kita wis nandur ajaran luhur sing ora mung
ayu, nanging uga migunani. Senajan ana sendang sing wis rusak, nanging nilai
spiritual lan budayane isih lestari ing masyarakat nganti saiki.
Mula saka kuwi, nguri-uri lan njaga Petirtaan Cabean Kunti iku dudu mung bentuk ngajeni sejarah, nanging uga salah siji cara kanggo ngerumat kabecikan lan kearifan lokal sing isih relevan kanggo jaman saiki.
Komentar
Posting Komentar