Ruwatan : Tradhisi Ngilangke "Sial"

1. Pangertian Ruwatan

     Ruwatan dijikok saking kata "ruwat", sing artine yaiku dicolke utawa dilepaske. Ruwatan yaiku tradisi kang tujuane mbebaske lan ngeculke wong/panggonan seko hal-hal seng dipercaya bisa nggowo sial lan malapetaka. Tradisi iki sering dihubungke karo "tolak bala" lan njaluk keselametan. Tradisi ruwatan biasane dilaksanakake ing beberapa panggonan ing tlatah Jawa, kaya dhene ing Demak kang dilakokake karo ahli waris Sunan Kalijaga, Yogyakarta kang dilakokake ing tradisi Rasulan Tepus, Banjernegara kang dilakokake ing Dieng, lan panggonan-panggonan liyane. Tradisi iki nduweni makna sing simbolik, yaiku pembebasan saking dosa lan salah, serta upaya kanggo nyeimbangke urip. 


     Ruwatan iku biasane ditujuake neng wong utowo panggonan supaya lepas seko hal kang ghaib. Ruwatan kanggo wong-wong iku ditujuake kanggo bocah lan dilakokake pas iseh cilik utawa remaja. Ruwatan kanggo panggonan iku ditujuake kanggo panggonan kang pancen dianggep mistis lan panggonan anyar kang digawe aktivitas wong-wong. 


2. Prosesi Ruwatan

     Tradhisi Ruwatan iku dhewe, nduweni prosesine dhewe. Awale biasane ngadhusi bocah kang diruwat, didongakake, lan dikethok rambut e sitik. Ruwatan kanggo panggonan ya padha, biasane didongake kanggo keselametan panggonan iku dhewe. Saben wes nglaksanakake prosesi ruwatan, pagelaran wayang wes dadi acara kang ora bisa dilewatke. Bar kuwi, biasane ruwatan bisa dilanjutke karo tradisi kirab lan sedekah bumi. 


3. Makna Ruwatan ing Kahuripan

     Tradisi Ruwatan dhuweni makna kanggo kahuripan e manungso, yaiku :

1. Ruwatan nduweni makna "rasa syukur" marang Gusti atas hasil bumi lan ngarepke kesuksesan ing masa ngarep.

2. Ruwatan iku nduweni nilai spiritual, yaiku ngurmati leluhur lan upaya kanggo nglestarike alam semesta. 

3. Ruwatan iku dhuweni makna kekeluargaan, yaiku dhewe kudhu bisa jaga keluarga, utama ne bocah-bocah. 

Komentar

  1. Wow! Terima kasih atas artikel penuh informasi ini, sangat bermanfaat untuk saya 😳🫳🫴🥸🪬🤌

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan Populer