Saka Tugu Golong Gilig dadi Tugu Pal Putih
Tugu Jogja yaiku salah siji tetenger ing kutha Yogyakarta. Posisi tugu ana ing perempatan gedhé antarane Dalan Margo Utomo, Dalan A.M Sangaji, Dalan Diponegoro, lan Dalan Jenderal Sudirman. Saiki, tugu iki dikenal kanthi jeneng Tugu Pal Putih. Nanging, sakdurunge tugu iki nduweni jeneng Tugu Golong-Gilig.
Sejarah Tugu Golong-Gilig
Tugu Golong-Gilig pisanan dibangun ing taun 1755 dening Sri Sultan Hamengkubuwono I, sawise Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat diadegake. Bentuke silinder ngadeg ing ndhuwur alas bunder. Jeneng Golong Gilig nuduhake bentuke lan uga makna simbolis, yaiku manunggaling kawulo lan gusti (rakyat lan raja). Tugu iki uga dadi sumbu imajiner kang nyambungake Gunung Merapi, Kraton Ngayogyakarta, lan Segara Kidul, sing nduweni makna keseimbangan alam lan spiritual miturut ajaran Jawa.
Lair Tugu Pal Putih
Ing taun 1867, ana gempa bumi gedhe ing wilayah Yogyakarta. Gempa iki nyebabake Tugu Golong-Gilig ambruk. Nanging, sawise ambruk, tugu ora langsung dibangun meneh. Ing taun 1889, pamarentah mbangun maneh tugu, nanging bentuké wis béda karo sing asli. Tugu sing anyar nduweni alas persegi, pucuke lancip, lan dhuwure luwih cendhak (15 meter). Tugu iki banjur dikenal minangka Tugu Pal Putih, amarga warnane putih lan gaya arsitekture luwih modheren.
Dadi Simbol Kutha Yogyakarta
Sanajan bentuke wis ora kaya Tugu Golong-Gilig sing asli, Tugu Pal Putih tetep dadi simbol penting kanggo warga Yogyakarta. Tugu iki nggambarake identitas kutha, perjuangan rakyat, lan hubungan batin antara manungsa, pamarentahan, lan alam. Saiki, Tugu Pal Putih uga dadi panggonan wisata sing terkenal lan dadi salah siji warisan budaya sing penting lan kudu dijaga.
Komentar
Posting Komentar