SEDEKAH BUMI
Sedhekah bumi yaiku tradhisi kang isih dilestarikake ing sawetara papan ing Indonesia. Mligine masarakat ing pulau jawa kang nganggep banget wigati tradhisi sedhekah bumi. Sedhekah bumi yaiku ungkapan raos syukur masarakat pulau jawa kagem kasil panen kang berlimpah, lan dadi simbul kanggo njaga sesambungan apik karo alam.
Upacara sedhekah bumi diwiwiti karo manjatkaken donga kang dipanggedheni dening tokoh adat utawa pemuka agama. Banjur diterusake karo ngumpulake sawetara jinis kasil panen kaya buah-buahan utawa sayuran kang arep disusun dadi siji gunungan. Sawise ritual rampung ditindakake, gunungan iki mengkone arep direbutake dening masarakat amarga dipercayai nggawa berkah. Saliyane iku ing pirang-pirang panggonan uga nyajikake sesajen lan pertunjukan kagunan tradhisional kanggo nyugihi makna spiritual saka sedhekah bumi.
Sedhekah bumi saiki saya arang ditindakake ing wektu iki. Saengga wigati banget kanggo dilestarikake lan dijaga. Sedhekah bumi mulang kanggo terus nglestarikake lingkungan lan ngrawat bumi sakapik-apike. Karo ditindakake bab kasebut mula awake dhewe bisa mbangun masa ngarep kang luwih apik.
Komentar
Posting Komentar