Sekaten: Tradisi Jawa Kang Ngluhurake Maulid Nabi
Sekaten kuwi salah sawijining tradisi budaya lan agama kang saben taun dianakake nang tlatah Jawa, utamane ing Yogyakarta lan Surakarta (Solo), Jawa Tengah. Jeneng Sekaten asale saka tembung Arab syahadatain, tegese 2 kalimat syahadat. Tradisi iki digawe kanggo nyebarake agama Islam nganggo cara kang luwih gampang ditampa wong Jawa, yaiku lewat kegiatan budaya.
II. Asal Usul Adat Sekaten
Sekaten asale saka jaman Kesultanan Demak ing abad 15. Sunan Kalijaga, salah siji saka Wali Songo, nggawe tradisi iki minangka cara kanggo nyebarake agama Islam. Jaman mbiyen, akeh wong Jawa sing isih nganut agama Hindu-Budha. Supaya ajaran Islam bisa mlebu tanpa ditolak, Sunan Kalijaga nggunakake budaya Jawa minangka jembatan. Sekaten banjur dadi sarana dakwah kang unik lan kebak makna.
III. Wektu Pelaksanaan Adat Sekaten
Sekaten saben taun dianakake ing wulan Maulud (Rabiul Awal) miturut kalender Hijriyah, yaiku bulan kelairane Nabi Muhammad SAW. Biasane dimulai seminggu sadurunge tanggal 12 Rabiul Awal, lan puncake pas dina Maulid Nabi.
IV. Ngapa Budaya Sekaten Dianakake?
Sekaten dianakake kanggo ngeling-eling lan ngurmati dina laire Nabi Muhammad SAW. Saliyane kuwi, Sekaten uga dadi cara kanggo nyedhakake masyarakat karo agama Islam. Tradisi iki dadi bukti nek ajaran Islam iso nyawiji karo budaya lokal, tanpa kudu ngilangi identitase wong Jawa.
V. Kepiye Pelaksanaan Adat Sekaten?
Acara Sekaten diawali karo kirab pusaka saka kraton, kaya gamelan Kyai Sekati, sing isine 2 set gamelan: Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari. Gamelan iki dipentasake nang halaman masjid agung sajrone 7 dina. Wong-wong teka saka desa kanggo nonton, ndedonga, lan ngalap berkah.
Puncake yaiku Grebeg Maulud, yaiku arak-arakan gunungan isi hasil bumi saka kraton menyang masjid. Gunungan kuwi banjur direbuti wong-wong merga dipercaya iso nambah rejeki lan berkah. Wong-wong rebutan nggo nggayuh berkah saka gunungan.
VI. Filosofi Adat Sekaten
Sekaten kuwi nduweni akeh makna lan simbol. Gamelan nuduhake pendekatan budaya kang alus, gunungan nglambangke rejeki lan rasa syukur marang Gusti Allah. Prosesi saka kraton menyang masjid nganggo mlaku kaki nuduhake kesederhanaan lan rasa hormat marang sing Maha Kuasa. Ana rasa gotong royong, kekeluargaan, lan penghormatan marang leluhur sing isih dijaga tekan saiki.
Ora mung iku wae, pasar malam Sekaten uga dadi daya tarik dewe. Ing kono ana pedagang, hiburan rakyat, dolanan anak, lan panganan khas Jawa. Iki nuduhake nek Sekaten ora mung urusan agama, nanging uga mujudake hiburan lan ajang silaturahmi warga.
VII. Kesimpulan
Sekaten iku ora mung tradisi biasa, nanging uga simbol pepaduan antara agama lan budaya. Lewat Sekaten, wong Jawa sinau nguri-uri kabudayan, ngeling-elinh sejarah, lan nambah iman marang Gusti Allah. Tradisi iki nduduhake nek Islam iso mlebu lan urip bareng karo budaya Jawa kanthi rukun lan damai. Mula saka kuwi, Sekaten kudu dijaga lan dilestarekake kanggo generasi masa depan.
Komentar
Posting Komentar