Suronan: Tradisi taun anyar jawa
Suronan yaiku tradisi wong Jawa sing asale saka akulturasi antara budaya Jawa lan Islam, sing dirayakake saben tanggal 1 Sura ing penanggalan Jawa. Tradisi iki nggambarake campuran nilai-nilai spiritual Islam, kaya renungan lan donga, karo unsur budaya Jawa sing kebak simbol lan filosofi. Lewat Suronan, katon cetha kepiye ajaran Islam bisa ngrasuk lan nyawiji karo budaya lokale wong Jawa
Suronan kuwi dianakake saben mlebu wulan Suro, yaiku wulan pertama ing kalender Jawa (kalender kang diterbitke dening Sultan Agung Hanyokrokusuma ing taun 1940). Kalender jawa kapetung saka penanggalan Hijriah (islam). Amargo mirip karo kalender hijriah, mula Suronan kerep diarani perayaan taun anyar islam.
Wulan Sura dianggap suci utawa keramat, wong jowo akeh sing percaya yen bengi siji Sura, kekuatan gaib mudhun neng bumi kanggo nemoni wong-wong sing atine resik, mula akeh wong Jawa kang ngerayakake wulan Sura kanti khusyuk lan khidmat.
Biasane, pas Suronan, ana macem-macem acara. Ana sing ngadani kirab pusaka, yaiku arak-arakan barang-barang pusaka saka keraton utawa desa. Barang-barang kaya keris, tombak, lan piranti adat digawa bareng-bareng kanggo diarak karo masyarakat. Tujuane yaiku kanggo ngelingi sejarah lan njaga warisan budaya saka para leluhur.
Kajaba kuwi, Ana uga wong-wong sing nindakake tirakat, tapa, lan kungkum kanggo ndadekake diri luwih eling lan suci. Wulan Suro dianggep wektu sing pas kanggo ngendhaleni hawa nepsu lan nyedhak marang Gusti Allah.
Wulan Sura ora mung wektu kanggo nguri-uri tradisi, nanging uga dadi wektu kanggo melas, ndonga, lan ndandani diri. Tradisi Suronan ngajari wong Jawa supaya tetep eling, andhap asor, lan nresnani ajaran luhur saka budaya lan agama.
I
Komentar
Posting Komentar