Tari Prajurit: Warisan Budaya Jawa Tengah
Dening Rajendra Nadhif Andyarofi
Tari Prajurit: Warisan Budaya Jawa Tengah
Tari Keprajuritan kuwi salah sawijining tarian tradhisional asli Jawa Tengah, khas saka daerah Semarang lan Salatiga. Tarian iki nggambarake semangate para prajurit jaman dulu sing gagah berani lan duwe nilai-nilai luhur babagan kepahlawanan.
Asale tarian iki saka desa Getasan, Kabupaten Semarang, banjur nyebar tekan Ambarawa, Banyubiru, Sumowono, Ungaran, lan uga Salatiga (desa Tegalrejo). Awal-awale tarian iki diarani Jatilan merga mirip karo Kuda Lumping, nanging banjur berkembang dadi luwih dinamis lan nambah cerita babagan prajurit, utamane crita Arya Panangsang sing dikenal gagah berani.
Gerakane tari iki khas banget:
- Ana gerakan Lumaksana sing nggambarake tanggung jawab
- Gerakan Merong Megar sing nuduhake kewaspadaan
- Gerakan Garuda Nglayang sing nggambarake semangat kebangsaan
Para penari nganggo busana prajurit Jawa sing khas:
- Celana loreng
- Beskap
- Blangkon
- Keris kanggo simbol kepemimpinan
Musik pangiringe yaiku gamelan tradhisional kaya:
- Jedhor (beduk cilik)
- Kendang dhodhog
- Bendhe (gamelan wesi)
Tarian iki ora mung kanggo hiburan, nanging uga nduwe makna:
- Nggambarake kesetiaan lan keberanian prajurit
- Ngajarke babagan kerja sama lan disiplin
- Dadi cara kanggo njaga budaya Jawa
Sayange, saiki tarian iki wis arang ditampilke. Akeh wong enom sing luwih seneng karo tarian modern. Nanging ana sing isih berusaha njaga tarian iki liwat:
- Pentas ing festival budaya
- Sinau nari ing sanggar-sanggar
- Nambahi gerakan anyar supaya luwih menarik
Tari Keprajuritan iku warisan budaya sing kudu dijaga. Yen arep luwih ngerti, bisa dolan menyang Semarang utawa Salatiga kanggo ndeleng langsung pentase.
Komentar
Posting Komentar