Tedhak Siten: Tindak Pisanan Ngleboni Donya









Tedhak Siten iku salah siji upacara adat Jawa sing dianakake nalika bayi wis umur pitung sasi (niteni wulan Jawa). Upacara iki dadi pratanda yen bocah wis entuk ijin kanggo "mudhun" utawa nginjak lemah, lambang yen dheweke wis siyap mlebu urip donya.

Upacara Tedhak Siten yaiku upacara sing isine pangarep-arep wong tuwa marang anake. Nalika bayi Wiwit Sinau lungguh lan lumaku ing lemah, miturut para leluhur, adat budaya Iki ditindakake minangka ngurmati bumi ing ngendi bocah-bocah ngadeg ing lemah.

Nentukke dina kanggo Tedhak Siten biasane adhedhasar weton (hari lahir Jawa) bocah lan pitungan kalender Jawa, ora asal milih dina. Wong tuwa biasane njaluk bantuan dukun bayi utawa pinisepuh kanggo milih dina sing becik (dina apik).

Makna Filosofis Upacara Tedhak Siten:

1. Tanggane Tebu Wulung (7 undhak):Bocah munggah tangga saka tebu wulung nganti pitu undhakan, nuduhake dina pitu lan harapan bocah bisa ngliwati dina-dina kanthi apik.

2. Midak Lemah Kang Diwenehi Kembang: Midak pasir/lemah kang wis diwenehi kembang lambang nyawiji karo alam lan bumi.

3. Kurungan Pitik:Bocah dilebokake ing kurungan ayam sing isine barang-barang kaya buku, duit, alat musik, lan liya-liyane. Iki kanggo ndeleng karep lan bakat alami bocah.

Tradhisi iki ngelingake marang rasa syukur marang Gusti, hormat marang leluhur, lan ngajari anak supaya nyawiji karo alam. Sanajan jaman wis modern, Tedhak Siten isih cocog kanggo dilestarekake.

Komentar

Postingan Populer