Tradisi Masangin: Gawa Berkah Kanggo Sing Kasil Ngelewati?

 Tradisi Masangin: Gawa Berkah Kanggo Sing Kasil Ngelewati?

Dening: Alexandra Keysha D.S


(Wisatawan sing lagi njajal mlaku ing antarane beringin kembar kalawan mripat ditutupi ing Alun-alun Kidul, Yogyakarta. Sumber: Kompas.com)

Dolan menyang Yogyakarta ora ganep yen ora dolan ning alun-alun kidul. Beda karo alun-alun utara (Altar) sing ngadhep ing kawasan Malioboro, alun-alun kidul (Alkid) ana ing mburi panggonan Keraton Yogyakarta. Alun-alun kidul (Altar) pancen dadi wisata ing Yogyakarta kang rame ditekani wisatawan lan akeh jajanan kuliner lokal ugi odong-odong werna-werni ing wayah wengi. Ora mung wengi, yen awan swasana alun-alun kidul ugi rame wisatawan sing njajal tradisi kenthel ning kono yaiku tradisi Masangin. 

Kapethik saka karangan Dinas Pariwisata Kota Yogyakarta, tradisi Masangin nggawa salah sawijining mitos saka beringin kembar ing Alun-alun kidul kang kerep gawe penasaran para wisatawan. Mitos iki dipercaya bilih sapa wae sing kasil mlaku ing antarane beringin kembar iku nganggo panutup mripat, konon kapengenan lan hajate bakal kawujud. Asal-usul tradisi Masangin iki jebul wes ana wiwit zaman Kasultanan Yogyakarta sing awale dilakokake nalika ritual Topo Bisu ing bengi 1 Suro. Sawise mubeng benteng, para prajurit lan abdi dalem bakal ngliwati beringin kembar karo nggawa kayakinan golek berkah lan njaluk panglindungan saking musuh. 

Ora mung kuwi, amarga alun-alun iki digunakake kanggo papan latihan para prajurit keraton, biasane para prajurit bakal latihan konsentrasi nganggo cara mlaku ing antarane beringin kembar kalawan mripat ditutupi. Mitos iki dadi tambah kuwat amarga dipercaya ana jimat tolak bala kanggo ngusir musuh. Konon, nalika tentara musuh ngliwatiwit beringin kembar iku bakal ilang kekuwatane. Wiwit kuwi, sapa wae sing kasil mlaku ing antarane wit beringin kasebut uga dipercaya bakal bisa nolak bala. 

Sanadyan mlaku ing antarane wit beringin kembar kalawan mripat katutup rasane gampang, nanging nyatane ora kabeh wong bisa ngelakokake. Akeh wisatawan sing heran amarga gagal ngelewati wit beringin kembar kuwi, nanging uga ana wisatawan sing njajal sepisan wis bisa ngelewati wit beringin kembar iku. Ana sawatara alesan wisatawan gagal ngelewati wit beringin kembar ing alun-alun kidul. Ana sing percaya wit beringin nduwe kekuwatan magis kaya “nggolek” sapa wae sing suci atine lan apik niate. Nanging uga ana sing njelasake sacara ilmiah yen mlaku lurus nganggo panutup mripat dadi angel amarga akeh suwara saka sekitare kang bisa gawe wong kelangan konsentrasi nganti gagal mlaku ing antarane beringin kembar iku.


Komentar

Postingan Populer