Tradisi Syawalan: Makna lan Cara Ngrayakake ing Masyarakat Jawa


          Tradisi Syawalan iku adat sing ana ing masyarakat Jawa sing dilakoni kira-kira pitung dina sawise Idul Fitri, ing wulan Syawal. Biasane wong-wong padha nganakake acara mangan ketupat bareng-bareng. Ketupat iki dadi lambang kanggo ngaku kesalahan lan njaluk ngapura marang siji lan sijine. Ing budaya Jawa, ketupat uga nduweni makna supaya urip luwih becik lan resik saka dosa.

          Sejarah Syawalan iki asale saka gabungan budaya Jawa lan Islam sing diwiwiti dening para Walisongo. Para wali iki nganggo tradisi iki supaya ajaran Islam bisa nyawiji karo budaya Jawa sing wis ana, supaya masyarakat bisa rukun lan guyub. Tradisi iki uga dipopulerake deniing tokoh-tokoh kaya KGPAA Mangkunegara I lan KH Abdullah Sirodj ing Pekalongan supaya silaturahmi lan paseduluran luwih kuwat.

          Cara ngrayakake Syawalan beda-beda ing saben daerah Jawa. Ing Kendal, ana acara sing diarani Bakdo Kupat, sing ana selamatan lan festival seni budaya. Ing Pekalongan, Syawalan dirayakake kanthi pesta syukuran lan mangan kue lopis gedhe lan lothekan (buah enem). Ing Yogyakarta lan Solo, wong-wong padha sungkeman lan mangan ketupat bareng karo keluarga.

           Saiki Syawalan ora mung dadi tradisi agama wae, nanging uga dadi wektu kanggo nguwatke hubungan sosial lan paseduluran antar warga. Tradisi iki nggambarake nilai ngapura, rasa syukur, lan persatuan ing masyarakat Jawa sing beda-beda. Senadyan cara ngrayakake beda-beda, Syawalan tetep dadi bagian penting saka budaya Jawa sing kudu dilestarekake

       

Komentar

Postingan Populer