Dening : Amriko Dwiki Wicaksana / 05 / 2025
CANDI ASU
Apa iku Candi Asu?
Candi Asu iku sawijining candi kuna peninggalan Kerajaan Mataram Kuno, utamane saka Wangsa Sanjaya, sing nganut agama Hindu. Candi iki klebu candi perwara (candi pendamping) lan dumunung ing Dusun Candipos, Desa Sengi, Kecamatan Dukun, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Lokasine ana ing lereng kulon Gunung Merapi, ing tengah sawah lan kebon warga.
Sajarah Candi Asu
Candi iki diyakini dibangun watara abad kaping 9 Masehi, yaiku nalika masa pemerintahan Rakai Kayuwangi Dyah Lokapala saka Mataram Kuno. Panaliten arkeologi nyebut yen kompleks iki digawe minangka tempat suci kanggo nyembah para dewa Hindu, utamané Dewa Siwa.
Komplek Sengi, sing isine Candi Asu, Candi Pendem, lan Candi Lumbung, kabeh mau dipanggonke cedhak kali lan gunung supaya nambah unsur kesakralan. Jaman semono, gunung lan banyu iku simbol suci lan lambang panguripan.
Arsitektur Candi Asu
Bentuk dasar: bujur sangkar (persegi), dawane sisih ±7,94 meter.
Kaki candi: dhuwure ±2,5 meter, wujud panggung.
-
Badan candi: dhuwure ±3,35 meter, nanging atape wis ambruk.
-
Tangga: ana ing sisih kulon, kanggo munggah menyang badan candi.
-
Bahan bangunan: watu andesit, disusun rapi nganggo teknik sambungan kering tanpa semen.
-
Pondasi: ana dinding njero lan njaba, isi tengahe campuran watu lempung lan tanah.
Wujude prasaja, ora akeh relief utawa hiasan kaya ing Candi Prambanan. Nanging, cara masang batune nuduhake kaahlian tukang jaman semono
Asal-usul Candi Asu
A. Versi Arca Nandi
Ing jaman mbiyen, ana arca Nandi (lembu tunggangane Dewa Siwa) sing rusak, banjur wujude kaya asu (anjing). Warga sing ora ngerti maknane banjur ngarani “Candi Asu” merga mirip kewan iku.
B. Versi Tembung “Ngaso”
Versi liyane, warga ngarani “Candi Ngaso” merga candi iki biasa digunaake petani kanggo istirahat (ngaso) sakwise nyambut gawe. Suwene wektu, tembung “ngaso” dadi “asu” amarga pangucapan sing ngalami penyederhanaan.
Fungsi lan peran sakral
Candi Asu diprakirakake digunakake kanggo:
-
Papan pujaan marang Dewa Siwa lan dewa-dewa Hindu liya.
-
Ritual leluhur utawa ziarah arwah.
-
Persembahyangan raja utawa bangsawan jaman Mataram.
Candi iki ora mung panggonan ibadah, nanging uga simbol kekuwatan spiritual lan kesinambungan antarane manungsa lan para dewa.
Komentar
Posting Komentar